Kanggo keperluane VOC, Residen Schophoff uleh perintah teko atasane supaya ring Banyuwangi dibangun lurung hang keneng dilewati kendaraan sampek nggaduk nong Surabaya. Mula Residen Schophoff perintah nang Bupati Mas Alit supaya ngurak – ngurak rakyate kanggo ngersaya. Penjaluk iku dituruti Rakyat Banyuwangi, tuwek enom, lanang wadon pdha gemberudug ngersaya gawe lurung sakat teko kulone pendhopo ngaloraken.
Ngersaya iku sampek ulan- ulanan. Aja takon pira korbane. Rakyat Blambangan nalika iku rumangsa dipateni nganggo cara liya. Arep seng mati kelendi ? Megawe raino bengi seng khatik diwenei madhang. Aran mayit keleleran sak dhalan- dhalan. Korban saya okeh nalika kudhu ndhodol gunung watu pinggir segara. Mas Alit, Bupati Banyuwangi kala iku susah sing kaitung. Lyane sing gelem rakyat dadi korban tanpa aji. Mula, ngersaya diendekaken ambi Mas Alit. Sedeng VOC hang biasane mung merintah, weruh ngersaya diendekaken, jemprak – jemprak muring sing karuan. Surung kudu gancang mari. Naming balane dewek sing diperintah milu ngersaya. VOC mulo menange dhewek.
Sebalike Mas Alit kukuh nong kareoe. Ngersaya kudu diendekaken. Rakyak isun wis akeh hang mati. Sedheng welanda enak – enak malangkerik ambi tuding- tuding. Sing biso, ngersaya kudu mogok ! jare Mas Alit tegas nyang Residen Schophoff.
Residen Schophoff sing wani nalar nyang Mas Alit, merga ana resolusi teko gubernur jendral Van Der parra hang ana ring Batavia tanggal 7 desember 1773, hang isine sakliyane ngangkat Mas Alit dadi Bupati uga perintah supaya nguwah cara – carane merintah rakyat teko cara kasar nang cara ngapihi rakyat.
Pungkasane, Mas Alit lan Residen Schophoff sepakat ngadakne saymbara. Sapa – sapa kang sagah ndodhol gunung watu, arep ulih upah tanah hang werane sakat teko gunung watu iku ngidul sampek Sukowidi saiki. Saymbara iku dibukak sampek ulan – ulanan hing ana hang sanggup ngeleboni. Emane Mas Alit enget nyang wong hang arane Ki Martajaya. Bengen Ki mertajaya diangkat dadi jaksa agama, mulane Ki Martajaya akire kejulu aran Ki Buyut Jaksa. Sakiki Ki Martajaya urip nong Gunung Silangu, ndhompleng reng pondhoke Kik Semani kang duwe anak aran Nuriman. Nuriman diempet anak ambi Ki Buyut Jaksa.
Mas Alit perintah nong Singo Truno, Singo Madya lan Singo Dilaga supaya ngadep nong Ki Buyut Jaksa. Seng katik engko maning, wong telu iku gancang – gancang nyandk jaran, lan munggah jaran ngetepeng ngulonakaen. Alas Wingit sing dadi alangan. Sekabehe hang urip nong alas padha minggir sing wani nyriwedi pelayune jaran. Serta gadug Gunung Silangu, wong teluwan kecaruk Kik Semani lan Nuriman ring pinggir kalen.
“ Assalamualikum ! “ para singa uluk salam meh barengan. Kik Semani kang buru nadhani banyu gerijikan, sing gancang – gancang semaur. Mergo rumangsa sing taukenal. Naming Kik Semani sing due rasa kuatir. Kadong wong arep nyalah masa ngerti uluk salam? Jare Kik Semani nong Nuriman..
“Waalaikum salam!” semaure Kik Lemari ambi marek nong para singa hang magih nong ndhuwure jaran iku “Riko ketelon iki sopo? Lan arep nyang endi? “,Isun ketelon iki di utus teko kabupaten nggoleti Ki Buyut Jaksa ( Martajaya ).Jare kanjeng mas Alit,wongwe ono ring gunung Silangu kene,nawi riko weruh panggonane nyepi,njaluk tulung duduhno. Yeh… gedigu? Ya ayo tutna isun.Nuriman! Thulik ayo mulih!” nggih pak,sauté ambi gupuh,sing antara suwi,para singa ambi nuntun jarane dhewek-dhewek ngetutno lakune Kik Lemari lan Nuriman.
Sunare srengenge kenceng tebluk nang mbunmbunan,emane alas ring pinggire gunung Silangu iku ake uwit gedhe hang gembel godhonge,Dadi,raino iku tetep kerasa icis.Dalan munggah mudhun di lakoni sampek gadhug nang pondoke Kik Lemari ring ngisore uwit weringin. Ampik – ampik lan atape teko godhong lalang hang di jepit wilahan jajang.latare rada wero lan iyup merga empang – empange weringin padha temiyung endhep,Iku gubug isun “ Ki Buyut Jaksa ana ring njero,anak isun Nuriman iki di empet anak,” jare Kik Lemari.kira – kira Ki Buyut Jaksa rungu nong gremenenge wong papat ring njaba gubug,mulane iyane aju methu,Serta buru gadug nong lawang,” Eh riko, “ para singa mau nyaut meh barengan,’enngih Ki. Wong papat iku aju salaman lan setengan meluk, mari gedigu Singa Madya,Singa Dilaga lan Singa Teruno.lungguh nong jodhog rada dhuwur ring ngisore uwit randu hang merujuk ring mbuncu gubug, wong papat gesah ambi di selani unyik lan guyu.
Isun mulo hang cocok kadhung di kongkonketemu wong – wong rambut bajang iku.paran maning di kongkon megawe bareng,aju di kongkon ngelayani kaya dene jongos nyang juragan, jare Ki Buyut Jaksa.kepundi nggih? Kulo meriki niki, mung ngelampahi perintah. Nawi Ki Buyut Jaksa mboten purun, nggih kados phundi ulihe kulo ngomong teng Ndara Kanjeng Mas Alit ? jare Singa Madya. Gedigi baen wis, isun jaluk tulung sepura, gadugna salami sun nyang Mas Alit. Baktinisun magih kaya dene ombak segoro. Naming atinisun magih bangkel nong wong – wong VOC. Mergane isun lan riko lan kabeh dolor Banyuwangi magih duwe aji.
Serta wis gesah suwi ambi ngethepi sawi godhog, para Singa rumangsa sing bisa ngemban perintah. Kedadean iku seng cukup sepisan phindo. Pungkasane Ki Buyut Jaksa gelem nerima panjaluke Mas Alit. Naming kelawan sarat wong – wong VOC uga kudu gelem milu ngersaya, lan hang mimpin ngersaya iku kudu anah anghate dhewek, yaiku Nuriman hang mageh sewelas tahun umure. VOC gelem nerima surat iku, naming Nuriman nampik, merga rumangsa sing anjrah, lare cilik merintah wong – wong hang lebih tuwek umure.
Nuriman, rumasa urip iku hang penting pangucape. Masiya tuwek umure, naming elek, tanpa ana tata keramane, ya sing keneng dianut. Aju napa hang kula lampahi ? “ Isun hang njangkungi, sira aja wedi.
Kelawan ati manteb, Nariman nerima paran hang di karepne Ki Buyut Jaksa. Nariman hang maune diajak gesah nong jero langgar pinggir kalen cilik, aju melaku nong gubuke dewe. Langgar pinggir kalen iku digawe teka tumpukan watu tan dicampur luluh, atepe digawe teka lalang.
Serngenge lingsir, kesilep reng walike gumuk kulon. Swarane cenggeret lan sakabehane kewan alas saut – sautan. Ki Buyut Jaksa lungguh silah dhewek ring tengah langgar tanpa urupe dammar. Sing antara suwe liwat. Gemrosok suworo mau tumekan abane angina hang ngeteraken rombongan dhemit ampyak – ampyakan teko elor Gunung Silangu.
Rombongan dhemit iku ana hang tukang mikul rajane. Jare, seange gedhe dawa kaya lumping. Rombongan dhemit mula diceluk ambi Ki Buyut Jaksa. Raja dhemit adhep – adhepan ambi Ki Buyut Jaksa rung jero langgar. Para prajurit dhemit hang ewonan akeh phada ngenteni ring njaba langgar.
“ E, e, e……… ganjleng, ganjleng, gonjleng, ……..langit sun sundul, mega sun sundul, mega sun semprong lan segara sun uyup. Ana paran eiko nekakaken isun ?” jare dhemit. “ Wangsa lelembut, lebu sing delamokan isun. Mula nyeja suntekaken sira, supaya gelem ngerewangi ndhodol gunung watu ring pinggir segara ring enggon siro urip.” Isun gelem ngewangi, Naming ana telong sarat hang kudu riko turuti, kawitan, aja ndhodol lebih teka anjir kang sempathekaken. Kepindha, isun gawekno panggonan lungguh ring wetane dhodholan hang parek ambi segara. Lan kaping telu, rika lan turunan rika kudu gelem sambang – sambang isun. “ Telung syarat hang riko jalok sunturuti. “ jare Ki Buyut Jaksa. “ Isun jalok tolong rika uga ngurak sakabehe prajurit rika supaya milu ngerewangi. Kang mimpin engko anakisun kanga ran Wariman. “ Kadung gedigu, anak rika kudu gawa kayu iki.” Jare raja dhemit ambi ngelungaken kayu ghede sak lengene lare cilik, dawane mung rong kilan. Gesah antarane menungsa lan dhemit iku sampek tengah wengi. Rombongan dhemit mulih ninggalaken gunung silangu kaya mercon celorotan pdha melesat ngalor.
Dina hang dijanjekaken wes teka. Para utusan Mas Alit padha nyusul Ki Buyut Jaksa. Serta para utusan mau gadug gunung silangu, Ki Buyut Jaksa, Kik Lomani lan Wariman mapag kaya dene nampa dhayoh. Serta mari gesah ngalor – ngidul, para utusan mai ngiring Nuriman kang ngempit kayu kanggo mimpin ngersaya. Nuriman diiringi nong pendhopo aju rame- rame melaku ngalor, mudun jurang, ngerobyok kalen sampek gadug nong gunung watu. Ki Buyut Jaksa mung nyangkungi teka gunung silangu. Naming suwane bias mbi siki nong kupinge Nuriman.
Nuriman, gelotono sulung anjir wetan lan kulon. Gunung watu hang ring antarane rong anir iku hang kheneng didhodol. Reng wetane anjir wejan, uwenono segunduk watu kanggo tetenger. Bisikane suwarane Ki Buyut Jaksa. Ki Buyut Jaksa sing njelasaken gok segunduk watu hang diharepaken ring pinggir segara iku mula penjaluke raja demit kanggo pelungguhane.
Ngersaya dikawiti Mas Alit, diterusaken Residen Schophoff lan seturuse ngersaya rame – rame antara rakyat Banyuwangi lan wong – wong VOC. Sekala iku, para dhemit milu nulungi, naming sing ngewujud nong alam menungsa. Kadhung bengi para dhemit mau wujud macan.
Emeh tekung candra, ngersaya ndodol gunung watu buru bias dimarekaken. Dalan teka kidul gunung wis bias nimbus watu lan nyambung ambi dalan elor gunung. Kabeh pada legal an girang, penggaweane wes rampung. Segundhuk watu ring pinggir segara hang satemene panggonan lungguh raja dhemitt iki saiki kujuluk aran “ WATU DHODHOL “. Gunung silangu panggone Ki Buyut Jaksa nyepi, sakiki dadi “ KAMPUNG BOYOLANGU “.
Kanggo mbayar semaya hang wis kaucap Ki Buyut Jaksa nong raja dhemit, sampek sakiki seban tanggal “ Sepuluh Sawal Utawa Lebaran, masyarakat Boyolangu ampyak – ampyakan nong watu dhodhol ambi numpak dokar hang diarani “ PUTER KAYUN “. Embuh ngerti embuh using kadhong puter kayun nyang watu dhodholo iku bengen dikarepaken enggo nyambang raja dhemit kaya wis dadi janjine Ki Buyut Jaksa.
Ki Buyut Jaksa kuburane nang boyolangu. Umahe panggonane utusane Mas Alit kaya Singa Madya dadi KAMPUNG SINGOMAYAN, Singo Truna dadi KAMPUNG NGODILANG. Sampek sakiki watu dhodhol dadi wisatane wong Banyuwangi.
sumber : http://www.sejarahbanyuwangi.com/
